NILAI-NILAI PENDIDIKAN KARAKTER WONTEN ING TEKS SERAT TRIPAMA MINANGKA MATERI AJAR PENDIDIKAN KARAKTER KANGGE SISWA KELAS XII SMKN 1 MAGELANG

Dani, Kartika Hapsari (2018) NILAI-NILAI PENDIDIKAN KARAKTER WONTEN ING TEKS SERAT TRIPAMA MINANGKA MATERI AJAR PENDIDIKAN KARAKTER KANGGE SISWA KELAS XII SMKN 1 MAGELANG. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Dani Fix.pdf

Download (849kB)

Abstract

Dani Kartika Hapsari. NIM 1681100006. Nilai-Nilai Pendidikan Karakter Dalam Teks Serat Tripama Minangka Materi Ajar Pendidikan Karakter Kangge Siswa Murid Kelas XII SMKN 1 Magelang. Tesis: Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. 2018. Rumusaning prakawis panaliten menika: (1) Nilai karakter punapa ingkang wonten ing Serat Tripama anggitanipun K.G.P.A.A. Mangkunegara IV?; (2) Punapa nilai-nilai karakter ingkang wonten ing Serat Tripama anggitan K.G.P.A.A. Mangkunegara IV saged kangge bahan ajar piwucalan karakter siswa kelas XII SMKN 1 Magelang?; (3) Faktor punapa ingkang dados rubeda wonten ing piwucalan Serat Tripama kangge piwucalan karakter siswa kelas XII SMKN 1 Magelang? Lambaraning teori panaliten inggih menika: teks/wacana, piwucalan karakter, sastra Jawi, piwucalan sastra Jawi, Serat Tripama, macapat. Wujud panaliten inggih menika panaliten kualitatif. Objek panaliten Serat Tripama, guru, lan siswa SMKN 1 Magelang. Teknik ngempalaken dhata ngagem: observasi, wawanrembag, lan dokumentasi. Teknik pangonceking dhata ngagem analisis kualitatif. Dudutan panaliten inggih menika: (1) Nilai pendidikan karakter ingkang wonten ing Serat Tripama anggitanipun K.G.P.A.A. Mangkunegara IV antiwisipun: (a) kepatuhan dumateng pimpinan; (b) tanggung jawab dumateng amanah/jabatan; (c) kesetiaan lan kecintaan dumateng tanah air; (d) rela berkorban utawi kepedulian dumateng nasib tiyang sanes. Pramila sedaya nilai- nilai karakter ingkang wonten ing Serat Tripama punika wigati sanget kangge pendikakan moral utawi budi pekerti, pendidikan adat, pendidikan sosial, saha pendidikan berbangsa lan bernegara; (2) Nilai-nilai karakter ingkang wonten ing Serat Tripama anggitan K.G.P.A.A. Mangkunegara IV saged kangge bahan ajar piwucalan karakter siswa kelas XII SMKN 1 Magelang, amargi: (a) siswa satunggaling generasi penerus bangsa kedah dipunwucal pendidikan moral lan budi pekerti supados kagunggan karakter ingkang trep kaliyan budaya Indonesia; (b) supados generasi muda tansah remen dumateng budaya piyambak; (c) Serat Tripama mengku piwucalan ingkang saget ndadosaken generasi muda cinta tanah air lan saget njagi persatuan lan kesatuan NKRI; (3) Faktor ingkang dados rubeda wonten ing piwucalan Serat Tripama kangge piwucalan karakter siswa kelas XII SMKN 1 Magelang, antawisipun: (a) minat sinau siswa dateng sastra Jawi tasih kirang; (b) siswa rumaos mboten mangertosi makna kata ing Serat Tripama awit ngagem basa ingkang mboten familier, (c) siswa kirang termotivasi nderek piwucalan basa Jawi amargi metode utawi media piwucalan kirang inovatif; (d) keprigelan siswa ingkang benten-benten ndadosaken kirang gangsaring lampahing piwucalan. Wosing tembung: Pendidikan karakter, Serat Tripama

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 12 Mar 2019 02:42
Last Modified: 12 Mar 2019 02:42
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/1239

Actions (login required)

View Item View Item