KOHESI LAN KOHERENSI WONTEN ING RUBRIK “WARTA RINGKES” KALAWARTI DJAKA LODANG KANGGE BAHAN PIWUCALAN BASA JAWA ING SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN

Dwi, Rahayu (2018) KOHESI LAN KOHERENSI WONTEN ING RUBRIK “WARTA RINGKES” KALAWARTI DJAKA LODANG KANGGE BAHAN PIWUCALAN BASA JAWA ING SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Dwi R Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Dwi Rahayu. 1681100007. KOHESI LAN KOHERENSI WONTEN ING RUBRIK “WARTA RINGKES” KALAWARTI DJAKA LODANG KANGGE BAHAN PIWUCALAN BASA JAWA ING SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN.Tesis, Klaten: Fakultas Pasca Sarjana Universitas Widya Dharma Klaten, 2018. Panaliten menika nggadhahi ancas kangge (1) kagem mangertosi unsur kohesi wonten ing rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017); (2) kagem mangertosi unsur koherensi wonten ing rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017); (3) kagem mangertosi rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017) saged dipunwastani wacana ingkang sae. (4) kagem mangertosi kohesi saha koherensi wonten ing rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017) menika saged dipunginakaken kangge bahan piwucalan basa Jawa wonten ing Sekolah Menengah Kejuruan. Panaliten menika minangka panaliten deskriptif. Sumber dhata wonten panaliten menika arupa rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01- 13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017). Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis deskriptif. Teknik anggenipun ngempalaken data menika kanthi maos saha nyerat. Dhata dipunanalisis ngangge teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken kohesi saha koherensi wonten ing rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017). Asiling panaliten menika ngandharaken (1) unsur kohesi wonten ing rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017) menika wonten aspek kohesi gramatikal antawisipun pengacuan, substitusi, elipsis, lan konjungsi sarta aspek kohesi leksikal antawisipun repetisi, sinonim, antonim, hiponim, kolokasi lan ekuivalensi. (2) unsur koherensi wonten ing rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017) tuwuh awit wontenipun unsur kohesi. (3) wacana wonten ing rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017) kalebet wacana ingkang sae. (4) Rubrik “Warta Ringkes” kalawarti Djaka Lodang Edisi 01-13 Taun 2017 (3 Juni 2017-28 Agustus 2017) saged dados bahan piwucalan basa Jawa wonten ing Sekolah Menengah Kejuruan. Tembung wigati: wacana, kohesi, koherensi, warta

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 12 Mar 2019 03:08
Last Modified: 12 Mar 2019 03:08
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/1241

Actions (login required)

View Item View Item