KAJIAN MAJAS ING SALEBETING CERBUNG “PANGGUGATE ANAK KARAM” ANGGITAN ADINDA A. S. SAKING MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT TUWIN RELEVANSI PENDIDIKAN KARAKTER ING PIWUCALAN BAHASA JAWA KELAS XI SMK NEGERI 1 KALIBAWANG

Estikomah, Eka Wijiastuti (2018) KAJIAN MAJAS ING SALEBETING CERBUNG “PANGGUGATE ANAK KARAM” ANGGITAN ADINDA A. S. SAKING MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT TUWIN RELEVANSI PENDIDIKAN KARAKTER ING PIWUCALAN BAHASA JAWA KELAS XI SMK NEGERI 1 KALIBAWANG. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Estikomah Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

ESTIKOMAH EKA WIJIASTUTI. 2018 “Kajian Majas ing Salebeting Cerbung Panggugate Anak Karam Anggitan Adinda A.S. saking Majalah Panjebar Semangat tuwin Relevansi Pendidikan Karakter ing Piwucalan Bahasa Jawa Kelas XI SMK Negeri 1 Kalibawang”. Tesis. Program Pascasarjana Pendidikan Bahasa. Universitas Widya Dharma Klaten. Tesis menika ngandharaken babagan majas ingkang kamot ing salebeting cerbung Panggugate Anak Karam anggitan Adinda A.S. Momotaning perkawisipun inggih punika: 1. Kadospundi majas ingkang kamot ing salebeting cerbung Panggugate Anak Karam. 2. Kadospundi pangetrapan majas ing cerbung Panggugate Anak Karam menika ing piwucalan kelas XI SMK Negeri 1 Kalibawang. 3. Kadospundi relevansi kajian majas ing cerbung Panggugate Anak Karam menika kangge Pendidikan Karakter siswa kelas XI SMK Negeri 1 Kalibawang. Ancas saking panaliten punika kangge: 1. Ngandharaken majas ingkang kamot ing cerbung Panggugate Anak Karam. 2. Ngandharaken pangetrapan majas cerbung Panggugate Anak Karam ing piwucalan Bahasa Jawa kelas XI SMK Negeri 1 Kalibawang. 3. Ngandharaken gegayutan kajian majas ing cerbung Panggugate Anak Karam kangge Pendidikan Karakter siswa kelas XI SMK Negeri 1 Kalibawang. Metode ingkang dipunginaaken ing panaliten inggih punika metode penelitian kualitatif ingkang asifat deskriptif ingkang sedaya datanipun awujud tetembungan. Sumber panaliten menika karya sastra Jawa arupi cerbung Panggugate Anak Karam anggitan Adinda A.S. saking majalah Panjebar Semangat edisi Januari-Mei 2017 ingkang kaperang dados 16 episode. Data ing panaliten awujud tembung lan ukara ingkang ngamot majas ing salebeting cerbung. Teknik pengumpulan data ingkang dipunginaaken teknik maos, lajeng tembung lan ukara ingkang ngamot majas kasebat dipunserat ing kartu data lajeng dipunkempalaken adhedhasar jinis majas. Asil saking panaliten kajian majas ing salebetipun cerbung Panggugate Anak Karam menika pikantuk majas cacahipun 54. Majas perbandingan wonten 6, majas pertentangan wonten 7, majas pertautan kepanggih paling kathah inggih punika wonten 29, lan majas perulangan wonten 12. Pangetrapan kajian majas ing cerbung Panggugate Anak Karam punika wonten ing piwucalan kelas XI SMK Negeri 1 Kalibawang dipunlebetaken ing materi pasinaon Kompetensi Dasar telaah unsur intrinsik novel/cerbung. Gegayutan kalian Pendidikan Karakter siswa kelas XI SMK Negeri 1 Kalibawang inggih punika dipunkajengaken supados amanat ingkang wonten ing salebeting cariyos cerbung Panggugate Anak Karam saged dados patuladhan kangge sangu gesang bebrayan para generasi penerus ingkang nggadhahi karakter ingkang langkung sae. Kata Kunci: Majas, Cerbung Panggugate Anak Karam, Pembelajaran Kelas XI SMK

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 12 Mar 2019 04:00
Last Modified: 12 Mar 2019 04:00
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/1245

Actions (login required)

View Item View Item