TINDAK TUTUR DIREKTIF DWIJA ING PASINAON MAOS AKSARA JAWI KELAS 6 MI MUHAMMADIYAH KAHUMAN KECAMATAN NGAWEN KABUPATEN KLATEN TAUN PASINAON 2018/2019

Neshi, Rasyida Aisyah (2019) TINDAK TUTUR DIREKTIF DWIJA ING PASINAON MAOS AKSARA JAWI KELAS 6 MI MUHAMMADIYAH KAHUMAN KECAMATAN NGAWEN KABUPATEN KLATEN TAUN PASINAON 2018/2019. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Neshi Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Neshi Rasyida Aisyah, NIM: 1681100044, “Tindak Tutur Direktif Dwija Ing Pasinaon Maos Aksara Jawi Kelas 6 MI Muhammadiyah Kahuman Kecamatan Ngawen Kabupaten Klaten Taun Pasinaon 2018/2019” Tesis: Progam Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. 2019. Rumusaning prakawis panaliten menika: (1) Kados pundi bentuk tindak tutur direktif dwija ing pasinaon maos aksara Jawi kelas 6 MI Muhammadiyah Kahuman taun pasinaon 2018/2019? saha (2) Prakawis punapa ingkang nyebabaken kawontenan tindak tutur direktif dwija ing pasinaon maos aksara Jawi kelas 6 MI Muhammadiyah Kahuman taun pasinaon 2018/2019 kaleksanan kadosdene ingkang dipunobservasi dening panaliti? Panaliten punika migunakaken metodhe panaliten kualitatif deskriptif kanthi pendekatan studi kasus tindak tutur direktif dwija ing pasinaon maos aksara Jawi kelas 6 MI Muhammadiyah Kahuman taun pasinaon 2018/2019. Pratelan Idhentitas Dhata (PID) kapanggihaken saking asiling observasi kanthi ngrekam utawi nyoting. Asiling rekaman dipuntekstualisasi kanthi pacelathon ingkang dumados saking tapak-tapak jejaring (tajering). Saben tajering ngemot setunggal tema. Ingkang saklajengipun karakit dados PID. Ing panaliten menika wonten 50 PID lajeng dipunredhuksi dados 29 Unit Dhata Utama (Udhaut). Udhaut selajengipun dipunulas utawi dipunkaji. Ingkang dipunulas ngengingi aspek wujud-wujud tuturan direktif dwija ing pasinaon maos aksara Jawi kelas 6 MI Muhammadiyah Kahuman taun pasinaon 2018/2019. Adhedhasar pangoncekipun dhata, saged dipunpendhet dudutan: (1) Salebeting pasinaonan maos aksara Jawi wonten kelas 6 MI Muhammadiyah Kahuman taun pasinaon 2018/2019 punika ngasilaken mapinten-pinten wujud tindak tutur direktif; (2) Wujud tuturan direktif saking dwija antawisipun tindak tutur printah; saran saha panyuwunan (3) Wujud tuturan direktif kagungan ancas piyambak-piyambak; (4) Tuturan direktif ingkang wujudipun printah asring dipunparingaken dwija nalika paring printah dhumateng siswanipun kagem nglaksanakaken tugas. Wosing tembung: Tuturan Direktif, Pasinaon Maos, Aksara Jawi

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 13 Aug 2019 07:28
Last Modified: 13 Aug 2019 07:28
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/1550

Actions (login required)

View Item View Item