NINGKATAKEN KATRAMPILAN NYERAT AKSARA JAWI LUMANTAR STRATEGI CONTENT AND LANGUAGE INTEGRATED LEARNING (CLIL) TUMRAP SISWA KELAS X AK 2 SMK NEGERI 1 WARUREJA

Slamet, Sumiati (2019) NINGKATAKEN KATRAMPILAN NYERAT AKSARA JAWI LUMANTAR STRATEGI CONTENT AND LANGUAGE INTEGRATED LEARNING (CLIL) TUMRAP SISWA KELAS X AK 2 SMK NEGERI 1 WARUREJA. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Slamet fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Slamet Sumiati, 1781100039. “Ningkataken Katrampilan Nyerat Aksara Jawi Lumantar Strategi Content And Language Integrated Learning (CLIL) Tumrap Siswa Kelas X AK 2 SMK Negeri 1 Warureja”, Tesis. Program Pascasarjana Pendidikan Universitas Widya Dharma Klaten. 2019. Ancasing panaliten tindakan kelas punika, inggih punika: (1) ningkataken aktivitasipun prosesing pasinaon nyerat aksara Jawi lumantar strategi Content and Language Integrated Learning (CLIL); (2) ningkataken katrampilan nyerat aksara Jawi lumantar strategi Content and Language Integrated Learning (CLIL). Panaliten punika kalebet panaliten tindakan kelas inggih punika salah satunggaling ingkang nggadhahi ancas kangge ningkataken pasinaon ingkang langkung sae. Panaliten punika mapan wonten ing kelas X AK 2 SMK Negeri 1 Warureja ingkang dipuntindakaken kanthi kalih siklus. Ing saben siklus kaperang dados 4 tahapan, inggih punika: (1) tahap perencanaan tindakan; (2) tahap pelaksanaan tindakan; (3) tahap observasi; lan, (4) tahap evaluasi utawi refleksi. Kangge teknik panggempalan dhatanipun migunakaken observasi, wawancara, angket lan dokumen. Teknik analisis dhatanipun arupi reduksi dhata, display dhata, lan verifikasi dhata. Saking panaliten ingkang sampun katindakaken, saget dipunmangertosi bilih aktivitas pasinaon lan katrampilan nyerat nyerat aksara Jawi ningkat. Rata– rata biji ing prasiklus 63,08 kanthi tingkat katuntasan klasikal 20 %. Ing siklus I, biji rata–rata tes inggih punika 78, kanthi katuntasan klasikal nggayuh 65,71 %. Salajengipun ing siklus II, biji rata–rata nggayuh 83,37 kanthi katuntasan klasikal nggayuh 88, 57 %. Adedhasar asilipun panaliten, saget dipunpendhet dudutan bilih: (1) pangetrapan strategi Content and Language Integrated Learning (CLIL) saget ningkataken kualitas prosesing pasinaon nyerat aksara Jawi; (2) pangetrapan strategi Content and Language Integrated Learning (CLIL) saget ningkataken katrampilan nyerat aksara Jawi tumrap siswa kelas X AK 2 SMK Negeri 1 Warureja, inggih punika minimal 88,57 % siswa pikanthuk biji 80 utawi langkung saking batas tuntas. Kata kunci: Nyerat, Aksara Jawi, Content and Language Integrated Learning (CLIL).

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 17 Sep 2019 02:55
Last Modified: 17 Sep 2019 02:55
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/1773

Actions (login required)

View Item View Item