PASINAON NGRIPTA GEGURITAN (Studi Kasus Dhumateng Siswa Kelas VII ing SMP Negeri 1 Kalasan Taun Pasinaon 2018/2019)

A.Dinna, Fathimah Al Fajri (2020) PASINAON NGRIPTA GEGURITAN (Studi Kasus Dhumateng Siswa Kelas VII ing SMP Negeri 1 Kalasan Taun Pasinaon 2018/2019). Masters thesis, Universitas Widya Dharma Klaten.

[img] Text
Dinna Fix.pdf

Download (4MB)

Abstract

A.Dinna Fathimah Al Fajri, 1781100021 Pasinaon Ngripta Geguritan (Studi Kasus dhumateng Siswa Kelas VII ing SMP Negeri 1 Kalasan) Tesis Program Pascasarjana, Universitas Widya Dharma Klaten 2020. Panaliten punika dipun fokusaken wonten ing bab-bab ingkang kedadosan nalika pasinaon nyerat geguritan dhumateng siswa kelas VII ing SMP Negeri 1 Kalasan taun pasinaon 2018/2019. Prakawis-prakawis ingkang saged dipun rumusaken inggih punika (1) Kados pundi lampahing pasinaon ngripta geguritan dening siswa kelas VII ing SMP Negeri 1 Kalasan taun pasinaon 2018/2019. (2) Menapa ingkang ndadosaken pasinaon ngripta geguritan dhumateng siswa kelas VII ing SMP Negeri 1 Kalasan taun pasinaon 2018/2019 saged kalampahan kadosdene ingkang kasumurupan rikala observasi katindakaken. Metode ingkang dipun ginakaken inggih punika study kasus. Perkawis ingkang dipun teliti inggih punika babagan proses pasinaon basa Jawi bab ngripta geguritan ingkang dipun tindakaken dening guru saha siswa ing kelas VII SMP Negeri 1 Kalasan. Panaliten punika njangkep bab (1) Rancangan Pasinaon, (2) Nindakaken Pasinaon, (3) Evaluasi Pasinaon, saha (4) Asiling Pasinaon. Sumber dhata saking panaliten punika inggih punika proses pasinaon ngripta geguritan, guru basa Jawi kaliyan siswa kelas VII ing SMP Negeri 1 Kalasan, saha dokumen ingkang gayut. Wonten ing salebeting nyawisaken data, dipuntidakaken observasi, wawancara, saha study dokumentasi. Dhata ingkang dipun pikantuk dipun analisis kanthi analisis deskriptif. Dene dhata ingkang dipun pikantuk saking panaliten punika awujud data kualitatif. Teknik analisis dhata ingkang dipun tindakaken inggih punika: 1) Nglempakaken Dhata; 2) Reduksi Dhata; 3) Pasugatan Dhata; saha 3) Dudutan saha Verifikasi Dhata. Asil saking panaliten inggih punika pikantuk 66 PID ingkang salajengipun dipun redhuksi dados udhaut cacahipun 60. Wonten ing panaliten punika pikantuk asil analisis inggih punika wonten bab ingkang kaandharaken dening guru ingkang mboten jumbuh kaliyan punapa ingkang dipunserat dening guru wonten ing RPP saha guru naming migunakaken buku paket minangka sumber pasinaon nalika pasinaon basa Jawi kalampahan ing kelas. Metode pasinaon ingkang katindakaken dening guru inggih punika ceramah saha penugasan. Wosing tembung : ngripta geguritan, pasinaon ngripta geguritan, pasinaon basa Jawi

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 09 Sep 2020 04:36
Last Modified: 09 Sep 2020 04:36
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/2147

Actions (login required)

View Item View Item