PASINAON KREATIF NGARANG BERANTING WONTEN ING KETERAMPILAN NULIS TEKS BASA JAWA (Panaliten Lampahan ing Kelas VIIIA SMPN 2 Jogonalan)

Diah, Ria Ruwinda (2021) PASINAON KREATIF NGARANG BERANTING WONTEN ING KETERAMPILAN NULIS TEKS BASA JAWA (Panaliten Lampahan ing Kelas VIIIA SMPN 2 Jogonalan). Masters thesis, Universitas Widya Dharma Klaten.

[img] Text
Diah Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Diah Ria Ruwinda: Pasinaon Kreatif Ngarang Beranting Wonten Ing Keterampilan NulisTeks Basa Jawa (Panaliten Lampahan Ing Kelas VIII A SMPN 2 Jogonalan) Tesis. klaten:Program Pascasarjana, Universitas Widya Dharma Klaten Pasinaon kreatif kanthi motif ngarang beranting wonten ing katrampilan nulis teks basa Jawa ( Studi Kasus Ing KelasVIII A SMPN 2 Jogonalan). Panaliten punika nggadhahi tujuwan kangge nyumerepi peningkatan kaprigelan nyerat deskripsi basa Jawa Kelas VIII A SMP 2 Jogonalan kanthi nerapaken model pasinaon kreatif motif ngarang beranting. Panaliten punika ngangge desain panaliten Tindakan kelas (classroom action research ) ingkang dipun-tindakaken kanthi kolaboratif saha partisipatori lumantar perangan perencanaan (planing), Tindakan( acting), pengamatan (observasi) lan refleksi (relecting). Subjek panaliten punika inggih punika siswa kelas VIII A SMP Negeri 2 Jogonalan kanthi cacahing siswa 35 (20 jaler lan 15 estri). Objek panaliten punika nyakup proses lan kasil. Objek panaliten ingkang arupi proses inggih punika Tindakan proses penyeratan karangan deskripsi kanthi nerapaken model pasinaon ngarang beranting wonten Kelas VIII A SMP Negeri 2 Jogonalan. Objek arupi kasil seratan siswa wujudipun karangan deskripsi. Teknik pengumpulan data ngangge teknis tes lan non tes. Teknik tes dipunangge kagem nyumerepi katrampilan nyerat deskripsi siswa cocog kaliyan kriteria ketuntasan minimal per orangan lan kreteria ketuntasan klasikal. Teknik non tes dipunangge kagem nyuumerep kawontenan lan proses pasinaon ingkang dipun-tindakaken, arupi observasi, wawancara , cathetan lapangan, angket, lan dokumentasi foto. Validitas ingkang dipunangge wonten ing panaliten tindakan punika, validitas demokatik, proses, pagineman lan triangulasi. Panaliten punika badhe ngangge teknik analisis deskriptif lan kualitatif. Kasil panaliten tindakan kelas punika dipun-simpulaken menawi pasinaon nyerat lumantar model pasinaon kreatif ngarang saget nginggahaken kaprigelan nyerat deskripsi basan Jawa siswa Kelas VIII A SMP Negeri 2 Jogonalan. peningkatan katrampilan nyerat deskripsi basan jawi siswa dipun-tandani : (1) kasil sinau peserta didik sampun kelampahan, ditunjukan kanthi nilai daya serap per orangan peserta didik ing prasiklus saageng 63,5 ningkat ing siklus I saageng 68,4 lan ningkat mindhak malih ing siklus II dados 74,2 nglangkungi target KKM ingkang sampun ditemtokaken inggih punika saageng 85% lan (2) Kawontenan sinau muca ing siklus I utawi siklus II mindhak wonten ing aktifitas sinau mucal ingkang aktif lan ngremenaken. Wosing tembung: Pasinaon, Kreatif, Katrampilan nyerat

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 24 Aug 2021 02:30
Last Modified: 24 Aug 2021 02:30
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/2461

Actions (login required)

View Item View Item