PASINAON MAOS AKSARA JAWI (Studi Kasus ing Kelas IX A SMPLB Tunagrahita Ringan SLB Negeri 1 Yogyakarta Kecamatan Mergangsan Yogyakarta Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2013/2014)

Bekti, Winoto (2015) PASINAON MAOS AKSARA JAWI (Studi Kasus ing Kelas IX A SMPLB Tunagrahita Ringan SLB Negeri 1 Yogyakarta Kecamatan Mergangsan Yogyakarta Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2013/2014). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Bekti winoto.fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Bekti Winoto, 10 PSC 01030 “PASINAON MAOS AKSARA JAWI (Studi Kasus ing Kelas IX A SMPLB Tunagrahita Ringan SLB Negeri 1 Yogyakarta Kecamatan Mergangsan Yogyakarta Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2013/2014)”. Tesis : Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. Rancanganing prakawis panaliten punika: (1) kados pundi lampahing pasinaon maos aksara Jawi ing kelas IX a SMPLB Tunagrahita Ringan SLB Negeri 1 Yogyakarta Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2013/2014. Metodhe ingkang kaginakaken inggih punika panaliten kualitatif deskriptif kanthi pendekatan studi kasus ing pasinaon maos aksara Jawi ing kelas IX a SMPLB Tunagrahita Ringan SLB Negeri 1 Yogyakarta, semester ganjil, tahun pelajaran 2013/2014. Pratelan Idhentitas Dhata (PID) kapanggihaken saking asiling observasi kanthi ngrekam utawi nyoting. Asiling rekaman dipuntekstualisasi kanthi multi kolom ingkang dumados saking tapak-tapak jejaring (tajering). Saben tajering ngemot setunggal tema. Ingkang salajengipun karakit dados PID. Ing panaliten punika wonten 94 PID lajeng dipunredhuksi dados 74 Udhaut. Udhaut salajengipun dipunulas utawi dipunkaji. Ingkang dipunulas ngengingi aspek dwija, siswa, materi, metodhe, saha pambiji. Adhedhasar pangoncekipun dhata, saged dipunpendhet dudutan: (1) lampahing pasinaon maos aksara Jawi (a) dwija kirang nguwaosi materi maos aksara Jawi, (b) materi samadya, (c) metodhe ingkang dipuncakaken tanya jawab, (d) pambiji ingkang katindakaken mboten saged kangge ngukur asiling pasinaon maos aksara Jawi, (e) sedaya siswa dereng saged maos aksara Jawi kanthi leres; (2) sabab musabab lampahing pasinaon maos aksara Jawi: (a) dwija kirang nguwaosi materi pasinaon awit dwija pendhidhikanipun sanes S1 basa Jawi, (b) materinipun samadya awit kajumbuhaken kaliyan karakteristik Tunagrahita Ringan, (c) metodhe ingkang dipuncakaken dereng jumbuh kaliyan ing RPP, (d) pambiji ingkang dipuntindakaken mboten saged kangge ngukur asiling pasinaon maos aksara Jawi awit siswa mboten maos ananging nirokaken dwija, (e) sedaya siswa dereng saged maos aksara Jawi kanthi leres awit para siswa dereng apal aksara Jawi legena, sandhangan lan pasanganipun.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 14 Feb 2019 01:18
Last Modified: 14 Feb 2019 01:18
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/272

Actions (login required)

View Item View Item