SESAMBETAN ANTAWISIPUN IQ LAN KASUGIHANING TEMBUNG KALIYAN ASIL SINAU NYERAT PENGALAMAN PRIBADI SISWA KELAS 7 SMP NEGERI 4 BOYOLALI WARSA PAMULANGAN 2013/2014

Jumali, Jumali (2015) SESAMBETAN ANTAWISIPUN IQ LAN KASUGIHANING TEMBUNG KALIYAN ASIL SINAU NYERAT PENGALAMAN PRIBADI SISWA KELAS 7 SMP NEGERI 4 BOYOLALI WARSA PAMULANGAN 2013/2014. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Jumali.fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Jumali. 13PSC01537. 2015. Sesambetan Antawisipun IQ lan Kasugihaning Tembung kaliyan Asil Sinau Nyerat Pengalaman Pribadi Siswa Kelas 7 SMP Negeri 4 Boyolali Warsa Pamulangan 2013/2014. Tesis: Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten Panaliten punika kanthi ancas: 1) kangge mangertosi wonten lan mbotenipun sesambetan IQ kaliyan asiling sinau nyerat pengalaman pengalaman pribadi; 2) kangge mangertosi wonten lan mbotenipun sesambetan antawisipun kasugihaning tembung kaliyan asiling sinau nyerat pengalaman pengalaman pribadi; 3) kangge mangertosi sesambetanipun IQ lan kasugihaning tembung kanthi sareng-sareng kaliyan asiling sinau nyerat pengalaman pribadi. Panaliten punika katindakaken ing SMP Negeri 4 Boyolali tumrap siswa kelas 7. Metode panaliten punika asifat observasional, kanthi gunggung sampel panaliten kathahipun 65 responden siswa. Teknik sampling ingkang kaginakaken inggih punika teknik acak (random sampling) kanthi cara tradisional (lotre), kanthi tetimbangan bilih sedaya subjek panaliten kaanggep sami, panaliti paring hak ingkan sami, saben anggota populasi pikantuk kalodhangan kapilih dados sampel. Pikantukipun dhata panaliten kanthi migunakaken tes, inggih punika tes IQ, tes objektif bab kasugihaning tembung lan tes nyerat pengalaman pribadi. IQ lan kasugihaning tembung minangka variabel bebas, dene asil sinau nyerat pengalaman pribadi minangka variabel terikat. Metode statistik kangge mangsuli ancasing panaliten inggih punika analisis regresi bergandha. Asiling panaliten saget kapendhet dudutan bilih: 1) wonten sesambetan ingkang positif lan signifikan ing antawisipun IQ kaliyan asil sinau nyerat pengalaman pribadi, kabukten positif, t hitung (24,881) > t tabel (1,99), signifikan F hitung (619,007) > Ftabel (3,99); 2) wonten sesambetan ingkang positif lan signifikan ing antawisipun kasugihaning tembung kaliyan asil sinau nyerat pengalaman pribadi. Positif, jalaran t hitung (22,051) > t tabel (1,99), signifikan Fo (486,2 ) > Ft (3,99); 3) kanthi sareng-sareng IQ lan kasugihaning tembung ugi wonten sesambetanipun kaliyan asil sinau nyerat pengalaman pribadi ingkang positif lan signifikan. Asil analisis regresi ganda kapanggihaken koefisien determinasi = 0.912. Mujudaken sesambetan ingkang positif. Ing uji F, kapanggihaken bilih Fo 322,408 > Ft 3,15, pramila sesambetanipun signifikan.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 14 Feb 2019 01:46
Last Modified: 14 Feb 2019 01:46
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/276

Actions (login required)

View Item View Item