PASINAON MAOS GEGURITAN (Studi Kasus ing Kelas VIIIA SMP Negeri 4 Purwantoro Semester 1 Taun Pelajaran 2013/2014)

Kustini, Kustini (2015) PASINAON MAOS GEGURITAN (Studi Kasus ing Kelas VIIIA SMP Negeri 4 Purwantoro Semester 1 Taun Pelajaran 2013/2014). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Kustini.fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Kustini, 10PSC01159, 2015. Pasinaon Maos Geguritan (Studi Kasus ing Kelas VIIIA SMP Negeri 4 Purwantoro, Wonogiri, Semester 1 Taun Pelajaran 2013/2014). Tesis: Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. Panaliten punika nggambaraken kiprahing pasinaon maos geguritan ing kelas VIIIA SMP Negeri 4 Purwantoro. Panaliten punika nggadhahi ancas tujuwan kangge mangertosi lumampahing pasinaon maos geguritan lan kangge mangertosi sebab musababipun kadadosan pasinaon maos geguritan siswa kelas VIIIA SMP Negeri 4 Purwantoro kalaksanan kados dene ingkang kasumurupan nalika observasi. Metodhe ingkang kaginakaken ing panaliten punika awujud panaliten kualitatif deskriptif. Jinis dhataanipun, awujud tetembungan lan tindak tanduk. Sumbering dhata panaliten punika papan lan prastawa kiprahing pasinaon maos geguritan, guru ingkang mucal basa jawi, lan siswa kelas VIIIA Negeri 4 Purwantoro. Dhata utama kacawisaken kanthi langkah-langkah obsevasi, tekstualisasi, multikolom, segmentsi, tematisasi, proposionalisasi, lan redhuksi. Dene teknis analisis dhata katindakaken kanthi langkah-langkah dipunjlentrehaken, dipuntafsiraken, dipunrangkum, dipundamel dudutan, lan dipunsaranakaken. Metodhe ingkang dipun ginakaken ing pasinaon maos gegiritan ceramah, tanya jawab, penugasan, dhemonstrasi. Dudutan saking panaliten punika: maos geguritan ingkang dipunwangun guru dereng katindakaken kanthi sae, awit wonten bab-bab ingkang perlu kawigatosaken malih. Guru anggenipun nindakaken pasinaon sampun jumbuh kaliyan Rencana Pelakasaan Pembelajaran utawi RPP-nipun, ananging taksih wonten cak-cakaning pasinaon ingkang dereng trep inggih punika ing perangan wiwitan (apersepsi). Guru boten ngendikake guna lan paedahipun maos utawi gladhen maos geguritan. Guru dereng nggadhahi kompetensi ingkang trep kaliyan keahliyanipun. Guru dereng nggadhahi pengalaman ingkang trep awit nembe kalih taun mucal basa jawi. Pasinaon maos geguritan ing mriki, terkadhang pamaosing cakepaning geguritan kirang trep ing babagan pedhotan kang kajumbuhaken kaliyan isinipun. Guru kirang nguwaosi pasinaon kalebet materi maos geguritan, metodhe, lan evaluasi pasinaon. Evaluasi kang kaparingaken ngengingi isinipun geguritan kemawon, menggah mratekaken setunggal mbok ka setunggal mboten dipuntindakaaken awit cumpenipun wekdal.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 14 Feb 2019 01:48
Last Modified: 14 Feb 2019 01:48
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/277

Actions (login required)

View Item View Item