DAYA PANGARIBAWA PENDHIDHIKAN KULAWARGA SAHA LINGKUNGAN PASRAWUNGAN DHUMATENG KAWASISAN UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI SISWA SMA KABUPATEN JEPARA WARSA PIWUCALAN 2021/2022

Panjang, Afra (2022) DAYA PANGARIBAWA PENDHIDHIKAN KULAWARGA SAHA LINGKUNGAN PASRAWUNGAN DHUMATENG KAWASISAN UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI SISWA SMA KABUPATEN JEPARA WARSA PIWUCALAN 2021/2022. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Panjang Fix.pdf

Download (4MB)

Abstract

Panjang Afra, 1981100027, 2022, “Daya Pangaribawa Pendhidhikan Kulawarga saha Lingkungan Pasrawungan Dhumateng Kawasisan Unggah- Ungguh Basa Jawi Siswa SMA Kabupaten Jepara Warsa Piwucalan 2021/2022”, Tesis: Program Pascasarjana, Universitas Widya Dharma Klaten. Reroncening prakawis salebetipun panaliten, inggih punika kadospundi daya pangaribawa pendhidhikan kulawarga saha lingkungan pasrawungan dhumateng kawasisan unggah-ungguh basa Jawi siswa SMA Kabupaten Jepara warsa piwucalan 2021/2022? Wondene wujud panalitenipun, inggih punika panaliten kuantitatif. Salajengipun, populasi salebetipun panaliten, inggih punika sedaya siswa wonten ing SMA Kabupaten Jepara saha sampelipun, inggih punika siswa wonten ing 12 pawiyatan kasebat kanthi teknik cluster random sampling. Wondene teknik pangempalan dhata ingkang dipun-ginakaken, inggih punika teknik tes saha kuesioner. Salajengipun, asil panaliten, inggih punika: (1) Wonten daya pangaribawa ingkang signifikan pendhidhikan kulawarga dhumateng kawasisan unggah- ungguh basa Jawi siswa SMA Kabupaten Jepara warsa piwucalan 2021/2022 kanthi asil biji t gunggung 3,657 saha signifikan; (2) Wonten daya pangaribawa ingkang signifikan lingkungan pasrawungan dhumateng kawasisan unggah - ungguh basa Jawi siswa SMA Kabupaten Jepara warsa piwucalan 2021/2022; (3) Wonten daya pangaribawa ingkang signifikan pendhidhikan kulawarga saha lingkungan pasrawungan sacara sesarengan dhumateng kawasisan unggah-ungguh basa Jawi siswa SMA Kabupaten Jepara warsa piwucalan 2021/2022 kanthi asil biji t petang gunggung 3,337 saha 0,209 kanthi taraf signifikansi gunggung 0,001 saha 0,028. Asil petangan punika nedahaken bilih kontribusi pendhidhikan kulawarga saha lingkungan pasrawungan dhumateng kawasisan unggah-ungguh basa Jawi siswa SMA Kabupaten Jepara warsa piwucalan 2021/2022 gunggungipun 3,9% wondene sisanipun 96,1% dipuntemtokaken faktor sanesipun ingkang boten dipuntaliti. Tembung Wos : pendhidhikan kulawarga, lingkungan pasrawungan, kawasisan unggah-ungguh basa Jawi

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 25 Jun 2022 06:26
Last Modified: 25 Jun 2022 06:26
URI: http://repository.unwidha.ac.id:880/id/eprint/2806

Actions (login required)

View Item View Item