NILAI-NILAI PIWULANGAN BUDI PAKARTI SALEBETING ANTOLOGI GEGURITAN MUNG AKU LAN SLIRAMU ANGGITAN YAN TOHARI KINARYA BAHAN AJAR PASINAON BASA JAWI ING SMP

Eko Wahyudi (2022) NILAI-NILAI PIWULANGAN BUDI PAKARTI SALEBETING ANTOLOGI GEGURITAN MUNG AKU LAN SLIRAMU ANGGITAN YAN TOHARI KINARYA BAHAN AJAR PASINAON BASA JAWI ING SMP. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Eko Fx.pdf

Download (3MB)

Abstract

Eko Wahyudi, 2081100022, Nilai-Nilai Piwulangan Budi Pakarti Salebeting Antologi Geguritan Mung Aku Lan Sliramu Anggitan Yan Tohari Kinarya Bahan Ajar Pasinaon Basa Jawi Ing Smp, Tesis: Progam Pascasarjanan Universitas Widyadharma Klaten. 2022. Rancanganing prakawis panaliten punika: (1) kados pundi nilai-nilai piwulangan budi pakarti ingkang wonten salebting buku antologi geguritan Mung Aku lan Sliramu anggitan Yan Tohari, (2) punapa buku antologi geguritan Mung Aku lan Sliramu anggitan Yan Tohari saged dipunginakaken minangka bahan ajar pasinaon basa Jawi tumrap siswa tataran SMP. Lambaraning teori ing panaliten inggih punika piwulangan budi pakarti, pangertosan geguritan, pamaosing Heuristik lan hermeneutik, lan piwulangan sastra Jawa. Metode ingkang dipunginakaken inggih punika panaliten kualitatif deskriptif inggih punika kegiyatan ingkang nggatosaken kanthi tliti bab ewah gingsiring basa ing wekdal-wekdal tinamtu ingkang asipat gegambaran. Pendekataan ingkang dipunginakaken inggih punika maos geguritan kanthi heuristic lan hermeneutik. Dhata ingkang kapanggihaken inggih punika geguritan 45 (sekawandasa gangsal) judhul saking 112 judhul ing buku Mung Aku lan Sliramu anggitanipun Yan Tohari. Dhata kasebat lajeng dipunanalisis ngginakaken pamaosing Heuristik lan hermeneutik. Adhedhasar pangocekipun dhata, saged dipunpendhet dudutan bilih geguritan ing salebeting antologi kasebat ngandhut nilai-nilai budi pakarti ingkang slaras kaliyan Program Penguatan Pendidikan Karakter. Nilai-nilai budi pakarti ingkang dipunkajengaken ndherek dhata saking Kemdikbud ingkang ngemot 18 (wolulas) nilai budi pakarti inggih punika; Nilai religius wonten 10 dhata. Nilai jujur wonten 8 (wolu) dhata. Nilai tepa slira wonten 3 (tiga) dhata. Nilai mituhu dhawuh (disiplin) wonten 4 (sekawan) dhata. Nilai greged lan sengkud tandang kridha wonten 4 (sekawan) dhata. Nilai mekar ngulir budi wonten 6 (nem) dhata. Nilai mandhireng pribadi wonten 5 (gangsal) dhata. Nilai tarbuka nalar lan kridha (Demokratis) wonten 5 (gangsal) dhata. Nilai raos kepengin mangertosi samukawis wonten 3 (tiga) dhata. Nilai nasionalis wonten 3 (tiga) dhata. Nilai tresna tanah wutah getih wonten 3 (tiga) dhata. Nilai ngajeni prestasi wonten 4 (sekawan) dhata. Nilai tanggaping sasmita wonten 3 (tiga) dhata. Nilai remen lan tresna katentreman wonten 3 (tiga) dhata. Nilai remen maos wonten 3 (tiga) dhata. Nilai preduli dhateng lingkungan wonten 3 (tiga) dhata. Nilai preduli dhateng sesami wonten 4 (sekawan) dhata. Nilai tanggel jawab wonten 3 (tiga) dhata. Buku antologi geguritan Mung Aku lan Sliramu anggitan Yan Tohari ngandhut nilai-nilai budi pakarti ingkang slaras kaliyan program Penguatan Pendidikan Karakter cacah 18 (wolulas) perangan. Pramila buku kasebat saged dipunginakaken kangge bahan ajar piwulangan basa lan sastra Jawa materi geguritan. Wosing tembung: nilai-nilai budi pakarti, geguritan, heuristic lan hermenutik

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 09 Sep 2022 02:04
Last Modified: 09 Sep 2022 02:04
URI: http://repository.unwidha.ac.id:880/id/eprint/3118

Actions (login required)

View Item View Item