INTERFERENSI LEKSIKAL BASA INDONESIA SALEBETING BASA JAWI ING TEKS DESKRIPSI SISWA KELAS XII MIPA SMA NEGERI KEBUMEN

Nurul Anwari (2022) INTERFERENSI LEKSIKAL BASA INDONESIA SALEBETING BASA JAWI ING TEKS DESKRIPSI SISWA KELAS XII MIPA SMA NEGERI KEBUMEN. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Nurul Fix.pdf

Download (3MB)

Abstract

Nurul Anwari, 2081100026, Interferensi Leksikal Basa Indonesia Salebeting Basa Jawi ing Teks Deskripsi Siswa Kelas XII MIPA SMA Negeri 1 Kebumen, Tesis: Progam Pascasarjanan Universitas Widyadharma Klaten 2022. Panaliten menika nggadhahi ancas kangge nggambaraken wujud interferensi leksikal basa Indonesia ing salebeting basa Jawi ing teks deskripsi siswa kela XII MIPA SMA Negeri 1 Kebumen lan perkawis-perkawis ingkang nyebabaken dumadosipun interferensi leksikal. Panaliten menika minangka panaliten deskriptif kualitatif inggih menika panaliten ingkang ancasipun nggambaraken wujud-wujud interferensi sarta perkawis ingkang nyebabaken. Obyek ing panaliten menika inggih menika teks deskripsi siswa kelas XII MIPA F lan G SMA Negeri 1 Kebumen. Panaliten menika munjeraken ing wujud-wujud interferensi leksikal sarta perkawis ingkang nyebabaken interferensi basa Indonesia salebeting basa Jawi ing teks deskripsi siswa. Dhata dipunkasilaken kanthi teknik observasi, dokumentasi lan wawanrembag. Dhata dipunanalisis migunakaken teknik padhan ingkang dipunjabaraken ing salebeting teknik dhasar migunakaken piranti panamtunipun inggih menika basa Indonesia. Asiling analisis dhata kaandharaken migunakaken metodhe deskriptif. Dene papan panaliten menika wonten ing SMA Negeri 1 Kebumen semester 1 taun piwucalan 2021/2022. Asil panaliten nudhuhaken bilih interferensi leksikal ingkang kapanggihaken ing panaliten menika arupi interferensi leksikal tembung panyilih. Interferensi leksikal tembung panyilih dipunperang dados kalih inggih menika: interferensi leksikal tembung andhahan lan interferensi tembung rangkep. Perkawis ingkang nyebabaken interferensi kaperang dados gangsal inggih menika: 1) kedwibahasaan siswa, 2) pakulinan siswa ingkang langkung asring migunakaken basa Indonesia, 3) basa ingkang kaginakaken ing salebeting pasinaon langkung kathah migunakaken basa Indonesia, d) kirangipun kawruh ngengingi tetembungan basa Jawi, lan 5) cupetipun tetembungan basa Jawi ingkang dipunkuwasani. Wosing kunci: Interferensi leksikal, teks deskripsi, kedwibahasaan.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: L Education > L Education (General)
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 09 Sep 2022 02:08
Last Modified: 09 Sep 2022 02:08
URI: http://repository.unwidha.ac.id:880/id/eprint/3119

Actions (login required)

View Item View Item