NILE-NILE BUDAYA ING NOVEL MBAH LURAH ANGGITANIPUN BAMBANG NUGROHO SAHA JUMBUHIPUN KANGGE BAHAN PIWUCALAN WONTEN SMK

Sari Mahasiswati (2022) NILE-NILE BUDAYA ING NOVEL MBAH LURAH ANGGITANIPUN BAMBANG NUGROHO SAHA JUMBUHIPUN KANGGE BAHAN PIWUCALAN WONTEN SMK. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Sari Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Sari Mahasiswati, 2081100023. Nile-nile budaya Ing Novel Mbah Lurah Anggitanipun Bambang Nugroho Saha Jumbuhipun Kangge Bahan Piwucalan Wonten SMK, Tesis : Program Studi Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. 2022 Ingkang dados lelarahing prakawis ing panaliten punika bilih nile budaya punika tetanduraning saha tumindaking ingkang dipunlampahi dening masyarakat. Hakikat kabudayan ingkang ideal ngandhut penggalihing masyarakat bilih karya sastra punika ngemot gegasaning manungsa. Karya sastra ugi pirantos kawetahaning manungsa mliginipun prakawis norma-norma kabudayan. Panaliti nindakaken panaliten nile-nile budaya wonten novel basa Jawi ingkang badhe dipunjumbuhaken kaliyan bahan piwucalan basa Jawi ing SMK. Amargi novel kasebat kalebet karya sastra ingkang wigatos lan nuwuhaken kathaning faktor awit saking psikologis sarta lingkungan sosial pramila ing panaliten punika panaliti damel ancasing panaliten inggih punika medharaken prakawis nile-nile budaya ingkang ngemot wonten novel Mbah Lurah anggitanipun Bambang Nugroho. Lan medharaken jumbuhipun nile-nile budaya novel Mbah Lurah anggitanipum Bambang Nugroho saged dipunginakaken kangge bahan piwucalan basa Jawi tumrap siswa SMK. Metode panaliten punika ngangge kualitatif deskriptif, ingkang dados obyek panaliten inggih punika novel Mbah Lurah anggitanipun Bambang nugroho, jinising dhata ingkang kadosta kasiling maos novel Mbah Lurah anggitanipun Bambang Nugroho. Teknik nempalaken dhata mawi teknik kapustakan inggih punika mendhut saking sumber dipunsemak lajeng dipunshatat. Wondene teknik analisis dalam dhata, lan ndamel dudukan. Asiling panaliten saha pangoncekipun ing panaliten punika, panaliti ngasilaken dhata saking novel Mbah Lurah aggitanipun Bambang Nugroho nile- nile budaya kadosta nile hakikat manungsa, nile hakikat gegayutaning manungsa kaliyan alam, nile hakikat manungsa dumateng wekdal, nile hakikat karya manungsa, lan nile hakikat gegayutaning manungsa kaliyan manungsa. Sanesipun bilih nile-nile budaya wonten novel punika jumbuh kangge bahan piwucalan basa Jawi, sastra, lan budaya Jawi punika kathah mumpangatipun kadosta sarana kawigatosan budaya miyos kasustraan Jawi. Saking asiling panaliten bilih pangoceking panaliten wonten patranipun nile-nile budaya kangge para siswa punika saged dipunwucalaken ing materi basa Jawi bab novel, piwucalan nile-nile budaya ing salebeting novel punika saged kangge tuladha kangge generasi mudha. Dudutaning rembag ing panaliten punika wonten nile-nile budaya prakawis tumindak becik kadosta norma, iman, adat, praktik-praktik, simbol-simbol, jumbuhipun nile-nile budaya ing karya sastra kaliyan kompetensi dasar pawiyatan tataran inggil kangge bahan piwucalan basa Jawi ing pawiyatan SMK. Kangge bahan piwucalan basa Jawi ing pawiyatan SMK punika langkung becik amargi bab xii punika saged dipunpatrapaken kangge para siswa minangka patuladhan generasi muda. Wosing tembung : Nile-nile budaya, novel, jumbuhipun wonten SMK

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: L Education > L Education (General)
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 15 Oct 2022 04:48
Last Modified: 15 Oct 2022 04:48
URI: http://repository.unwidha.ac.id:880/id/eprint/3166

Actions (login required)

View Item View Item