PASINAON MAOS PARAGRAF AKSARA JAWI ( Studi Kasus ing Kelas VIII G SMP Negeri 1 Andong BoyolaliSemester Ganjil Tahun Pelajaran 2015/2016 )

Sarwono, Sarwono (2016) PASINAON MAOS PARAGRAF AKSARA JAWI ( Studi Kasus ing Kelas VIII G SMP Negeri 1 Andong BoyolaliSemester Ganjil Tahun Pelajaran 2015/2016 ). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Sarwono.fix.pdf

Download (638kB)

Abstract

Sarwono, 14PSC0595, Pasinaon Maos Paragraf Aksara Jawi (Studi Kasus ing Kelas VIIIG SMP Negeri 1 Andong, Semester Ganjil, Tahun Pelajaran 2015/2016.Tesis: Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten 2016 Rancanganing prakawis panaliten punika: (1) kados pundi lampahimg pasinaon maos paragraf aksara Jawi ing Kelas VIIIG SMP Negeri 1 Andong semester ganjil tahun pelajaran 2015/2016 saha (2) menapa sebabipun pasinaon maos paragraf aksaraa Jawi ing kelas VIIIG, semester ganjil, tahun pelajaran 2015/2016 kaleksanan kados ingkang katingal nalika observasi kaleksanakaken. Lambaraning teori ing panaliten inggih punika : hakikat pasinaon tujuan lan lampahing pasinaon, modheling pasinaon, evaluasining pasinaon, praboting pasinaon, pangertosan lan ancasing maos, jinising maos, pangertosaning ukara, pangertosaning paragraf, jinising paragraf, aksara Jawi, maknaning filosofining aksara Jawi, lan studi kasus. Metodhe ingkang kaginakaken inggih punika panaliten kualitatif deskriptif kanthi pendekatan studi kasus ing pasinaon maos paragraf aksara Jawi ing kelas VIIIG SMP Negeri 1 Adong, semester ganjil, tahun pelajaran 2015/2016. Pratelan Idhentitas Dhata (PID) kapanggihaken saking asiling observasi kanthi ngrekam utawi nyoting. Asiling rekaman dipuntektualisasi kanthi multikolom ingkang dumados saking tapak-tapak jejaring (tajering). Saben tajering ngemot setunggal tema. Ingkang salajengipun karakit dados 31 Unit dhata utama (Udhaut). Udhaut salajengipun dipunulas utawi dipunonceki. Ingkang dipunonceki ngengingi aspek guru, siswa, materi, metodhe, saha evaluasi. Kanthi pangoncekanipun dhata, saged dipunmangertosi: 1) Guru basa sJawi nggadhahi ijazah ingkang jumbuh kalihan ayahanipun , Guru nggadhahi pengalaman ingkang cekap kangge mucal basa Jawi. Guru sanget nguwaosi materi maos paragraf aksara Jawi. Metodhe ingkang dipun tindakaken ceramah, tanya jawab, demontrasi lan maringi tugas siswa. 2) Metodhe tugas dipuncakaken kanthi cara siswa dipundangu lajeng dipundhawuhi maos ing lembar kertas. 3) Medhia pasinaon namung ngginakaken seratan aksara Jawi wonten kertas, guru kirang nggatosaken panganggenipun medhia pasinaon. 4) Materi ingkang dipunwucalaken namung awujud ukara sanes paragraf kamangka materi ingkang sinerat ing Rencana Pelaksanaan Pembelajaran ( RPP ) maos paragraf aksara Jawi. 5) Evaluasi ingkang dipuntindakaken mboten jumbuh kalihan tujuan pasinaon ingkang sampun katemtokaken. Tujuanipun maos paragraf, nanging soal ingkang dipunparingaken dhumateng siswa awujud ukara, prabot utawi alat evaluasi ingkang kaemot ing Rencana Pelaksanaan Pembelajaeran (RPP) mboten dipuntindakaken malah dipun gantos. 6) Siswa sampun saged maos ukara mawi aksara Jawi mangkenipun saged maos paragraf. Adhedhasar prakawis ingkang kauningan, saged dipunpendhet dudutan bilih pasinaon kalebet “berhasil”. Wosing tembung: Pasinaon maos paragraf aksara Jawi, panaliten studi kasus.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > PN Literature (General)
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 25 Feb 2019 03:43
Last Modified: 25 Feb 2019 03:43
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/654

Actions (login required)

View Item View Item