PASINAON CARIYOS WAYANG (Studi Kasus ing Kelas V SDN Sodong 01, Kecamatan Wonotunggal, Kabupaten Batang, Semester 2 Taun Piwulangan 2012/2013)

Suwarman, Suwarman (2016) PASINAON CARIYOS WAYANG (Studi Kasus ing Kelas V SDN Sodong 01, Kecamatan Wonotunggal, Kabupaten Batang, Semester 2 Taun Piwulangan 2012/2013). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Suwarman Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Suwarman. 2016 PASINAON CARIYOS WAYANG (Studi Kasus ing Kelas V SDN Sodong 01, Kecamatan Wonotunggal, Kabupaten Batang, Semester 2 Taun Piwulangan 2012/2013). Program Studi pendidikan Bahasa , Progaram Pascasarjana , Universitas Widya Dharma Klaten. Ing panaliten punika rumusaning prakawis inggih punika 1) Kados pundi pasinaon cariyos wayang ing kelas V semester 2 SD Negeri Sodong 01 Kecamatan Wonotunggal Kabupaten Batang Taun Piwulangan 2012/2013?, 2) Punapa kemawon ingkang dados prekawis salebeting pasinaon cariyos wayang siswa kelas V semester 2 SD Negeri Sodong 01 Kecamatan Wonotunggal Kabupaten Batang Taun Piwulanagan 2012/2013? Kalaksanan nalika panaliten. Teori-teori ingkang dipunginakaken salebeting panaliten Pasinaon Cariyos wayang (Studi Kasus ing Kelas V SDN Sodong 01, Kecamatan Wonotunggal, Kabupaten Batang) inggih punika pasinaon , motivasi ing pasinaon, media pasinaon, kaprigelan maos lan evaluasi. Panaliten punika ngangge studi kasus ing laladan SDN Sodong 01. Ngginakaken 7 langkah pangempala dhata utama dening Sudaryanto, inggih punika dipun-observasi, dipun-tekstualisasiaken, dipun-multikolomaken, dipun- segmentasiaken, dipun-tematisasiaken, dipun-proposionalisasiaken lan dipun- reduksikaken. Lan ugi 5 langkah nganalisis dhata utama inggih punika dipunurai, dipunulas dipunrangkum, dipunrekomendasi lan dipunprediksi. Kasil saking panaliten saged dipunrangkum inggih punika (a) kagiyatan piwulangan ingkang dipunlampahi dwija langsung ing intisarinipun boten wonten kagiyataan apersepsi, dudutan lan nyaosaken ancas sarta kirang mahami materi; (b) siswa gladen ing lembar kerja, nanging saperangan siswa ingkang aktif; (c) materi ingkang dipunsajiaken kirang rinci; (d) metodhe ceramah lan panugasan kirang maksimal; (e) media satunggal wayang; (f) boten wonten evaluasi. Adhedhasar kasil analisis ing nginggil saged kadudut bilih dwija salebeting nglaksanakaken kagiyatan pisinaon mirengaken cariyos wayang kasilipun dereng maksimal, amargi setunggal, taksih kathah kagiyatan pasinaon ingkang prananipun dereng jumbuhaken kasil pasinaon ingkang dereng kasampaikaken, inggih punika kagiyatan apersepsi, motivasi lan nyampaikaken ancas pasinaon. Kaping kalih, siswa mirengaken pangocapan dwija lan siswa kirang saged gadahi ide. Kaping tiga materi pasinaon taksih sekedhik. Kaping sekawan, metode ingkang dipun ginakaken taksih kirang. Kaping gangsal, medianipun taksih winates keranten namung setunggal wayang. Panyebabipun pasinoan kasebat inggih punika setunggal, kirang persipan lan kirang ngusai materi pasinaon ngrungokake cariyos wayang dening guru. Kaping kalih, kirangipun motivasi salebeting piyambakipun siswa nalika nderek kagiyatan pasinaon. Kaping tiga, kirang dipunbahas materi mirengaken cariyos wayang kanthi terinci amargi kawinetesanipun buku sumber. Kaping sekawan, kirangipun panerapan langkah-langkah methode ceramah lan panugasan. Kaping enem, kawinetesanipun sarana lan prasarana ingkang saged nyengkuyung kagiyatan pasinaon.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 25 Feb 2019 07:16
Last Modified: 25 Feb 2019 07:16
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/668

Actions (login required)

View Item View Item