KORELASI ANTAWISIPUN KAREMENAN MAOS GEGURITAN, KAWASISAN NGGINAKAKEN TETEMBUNGAN BASA JAWI KALIYAN KAPRIGELAN NYERAT GEGURITAN ING KELAS IX SMP NEGERI 1 MOJOTENGAH WONOSOBO TAHUN PELAJARAN 2015/2016

Alfiyah, Indarwati (2017) KORELASI ANTAWISIPUN KAREMENAN MAOS GEGURITAN, KAWASISAN NGGINAKAKEN TETEMBUNGAN BASA JAWI KALIYAN KAPRIGELAN NYERAT GEGURITAN ING KELAS IX SMP NEGERI 1 MOJOTENGAH WONOSOBO TAHUN PELAJARAN 2015/2016. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Alfiyah Fix.pdf

Download (751kB)

Abstract

Alfiyah Indarwati, 15PSC01684, 2017 ―Korelasi Antawisipun Karemenan Nyerat Geguritan, Kawasisan Ngginakaken Tetembungan Basa Jawi, Kaliyan Kaprigelan Nyerat Geguritan Ing Kelas IX SMP Negeri 1 Mojotengah Tahun Pelajaran 2015/2016‖. Tesis : Program Studi Pendidikan Bahasa Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. 2017 Rancanganing prakawis panaliten menika: (1) Menapa wonten korelasi antawisipun karemenan maos geguritan kaliyan kaprigelan nyerat geguritan ing kelas IX SMP Negeri 1 Mojotengah Wonosobo?, (2) Menapa wonten korelasi antawisipun kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi kaliyan kaprigelan nyerat geguritan ing kelas IX SMP Negeri 1 Mojotengah Wonosobo?, (3) Menapa wonten korelasi antawisipun karemenan maos geguritan, kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi kaliyan kaprigelan nyerat geguritan siswa kelas IX SMP Negeri 1 Mojotengah Wonosobo? Metodhe ingkang kaginakaken ing panaliten inggih menika deskriptif kuantitatif. Populasi panaliten inggih menika siswa kelas IX SMP Negeri 1 Mojotengah Wonosobo ingkang kathahipun 270 lare. Ing panaliten menika panaliti mbetahaken sampel 152 lare kanthi cara random (acak). Teknik pangempaling dhata inggih menika kuisioner kangge ngukur karemenan maos geguritan, tes kangge ngukur kawasisan ngginakaken tetembungan Jawi saha kangge ngukur kaprigelan nyerat geguritan. Variabel panaliten saha pangonceking dhata inggih menika; (1) deskripsi dhata bab karemenan nyerat geguritan (X₁), kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi (X₂), saha kaprigelan nyerat geguritan (Y); (2) pangonceking korelasi antawisipun variabel panaliten; (3) penafsiran asil korelasi antawisipun variabel panaliten. Asil panaliten inggih menika; (1) Wonten korelasi positif saha signifikan antawisipun karemanan maos geguritan kaliyan kaprigelan nyerat geguritan. Bab menika saged dipun-tingali saking korelasi keefisiensi antawisipun karemenan maos geguritan kaliyan kaprigelan nyerat geguritan agengipun 0,381 saha korelasi kasebat signifikan; (2) Wonten korelasi positif saha signifikan antawisipun kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi kaliyan kaprigelan nyerat geguritan. Bab menika saged dipun-tingali saking korelasi keefisiensi antawisipun kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi kaliyan kaprigelan nyerat geguritan agengipun 0,629 saha korelasi kasebat signifikan; (3) Wonten korelasi positif saha signifikan antawisipun karemanan maos geguritan, kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi kaliyan kaprigelan nyerat geguritan. Bab menika saged dipun-tingali saking korelasi keefisiensi ganda antawisipun karemanan maos geguritan, kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi kaliyan kaprigelan nyerat geguritan agengipun 0,646 saha korelasi kasebat signifikan. Ing panaliten kasebat ugi kapanggihaken agengipun koefisien determinasi (Adjusted R2) inggih menika 0,417 ateges agengipun sumbangan utawi korelasi variabel karemanan maos geguritan, kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi kaliyan kaprigelan nyerat geguritan inggih . xv menika 41,7%, salajengipun 58,3% dipunpangaribawani variabel sanesipun ingkang boten katliti. Adhedhasar asil panaliten kasebat panaliti atur iguh pratikel inggih menika; (1) dwija basa Jawi sageda ngindhakaken kaprigelan anggenipun paring piwulang dhumateng siswa kanthi ngetrapaken metode saha media pasinaon ingkang cocok supados siswa langkung gampil nyerat geguritan, (2) dwija basa Jawi kedah paring panjurung dhumateng para siswa mliginipun bab nyerat geguritan, kanthi remen maos geguritan saha ngindhakaken kawasisan ngginakaken tetembungan basa Jawi ingkang nggadhahi pangaribawa positif dhumateng kaprigelan nyerat geguritan, (3) sekolah kedah paring fasilitas ingkang ngremenaken supados para siswa langkung remen maos mliginipun maos geguritan.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 04 Mar 2019 03:35
Last Modified: 04 Mar 2019 03:35
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/955

Actions (login required)

View Item View Item