PANGECAKING METODHE PASINAON SNOWBALL THROWING KANGGE NINGKATAKEN KATRAMPILAN MICARA BASA KRAMA (Panaliten Tindakan Kelas Tumprap Siswa Kelas VII B SMP Negeri 2 Selomerto Kabupaten Wonosobo)

Dian, Mayasari Pudyaningrum (2017) PANGECAKING METODHE PASINAON SNOWBALL THROWING KANGGE NINGKATAKEN KATRAMPILAN MICARA BASA KRAMA (Panaliten Tindakan Kelas Tumprap Siswa Kelas VII B SMP Negeri 2 Selomerto Kabupaten Wonosobo). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Dian Mayasari Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Dian Mayasari Pudyaningrum. NIM. 15PSC1688. “Pangecaking Metodhe Pasinaon Snowball Throwing kangge Ningkataken Katrampilan Micara Basa Krama (Panaliten Tindakan Kelas Tumprap Siswa Kelas VII B SMP Negeri 2 Selomerto Kabupaten Wonosobo).” Tesis: Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. Panaliten menika nggadhahi ancas kangge: 1) Deskripsikaken paningkatan aktivitas siswa kelas VII B SMP Negeri 2 Selomerto Kabupaten Wonosobo sasampunipun nindakaken pasinaon micara basa krama kanthi ngecakaken metodhe snowball throwing. 2) Deskripsikaken paningkatan katrampilan micara basa krama kanthi ngecakaken metodhe snowball throwing tumprap siswa kelas VII B SMP Negeri 2 Selomerto Kabupaten Wonosobo. Panaliten menika ngginakaken metodhe panaliten tindakan kelas ingkang katindakaken kanthi 2 siklus. Wondene ing saben siklusipun kaperang dados tahapan perencanaan, tindakan, pengamatan, evaluasi lan refleksi. Wondene teknik ngempalaken dhata ngginakaken teknik tes lan teknik nontes. Teknik tes lisan kangge mbiji katrampilan wicara basa krama siswa, dene teknik nontes ngginakaken pedoman observasi, wawancara, jurnal, angket lan dhokumentasi kangge mangertosi aktivitas siswa. Validitas dhata ngginakaken triangulasi sumber. Teknik pangonceking dhata wonten ing panaliten menika ngginakaken teknik deskriptif kualitatif kangge mangertosi paningkatan aktivitas siswa, lan teknik deskriptif kuantitatif kangge mangertosi paningkatan katrampilan micara basa krama siswa. Minangka subjek panaliten inggih menika siswa kelas VII B SMP Negeri 2 Selomerto Kabupaten Wonosobo semester 1 tahun pelajaran 2016/2017 cacah 33 siswa, ingkang dumados saking 17 siswa estri lan 16 siswa jaler. Indikator kangge mangertosi kasil botenipun panaliten tindakan kelas menika menawi biji katrampilan micara basa krama siswa sasampunipun ngecakaken metodhe snowball throwing saged tuntas klasikal minimal 80%, lan trampil micara basa krama kaliyan siswa sanesipun wonten ing kelas. Asilipun panaliten siklus I nedahaken bilih pasinaon basa Jawa ngremenaken pramila biji rata-rata katrampilan micara basa krama saking 33 siswa wonten 24 siswa utawi 72,73% sampun tuntas, dene 9 siswa utawi 27,27% dereng tuntas. Wonten ing siklus II wonten paningkatan aktivitas positif siswa, lan paningkatan ketuntasan biji katrampilan micara basa krama siswa saking 72,73% ningkat dados tuntas sedaya utawi tuntas 100%. Minangka dudutan bilih: 1) Pangecaking metodhe snowball throwing saged ningkataken aktivitas siswa saking aktivitas negatif dados aktivitas positif. 2) Pangecaking metodhe snowball throwing saged ningkataken katrampilan micara basa krama siswa. Wosing tembung: Basa Jawa, micara basa krama, lan metodhe snowball throwing

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: L Education > L Education (General)
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 04 Mar 2019 08:09
Last Modified: 04 Mar 2019 08:09
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/962

Actions (login required)

View Item View Item