NINGKATAKEN MOTIVASI SAHA ASILING PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA NGGINAKAKEN MODEL PEMBELAJARAN ROLE PLAYING (Penelitian Tindakan Kelas ing Kelas VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017)

Duriatul, Fatonah (2017) NINGKATAKEN MOTIVASI SAHA ASILING PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA NGGINAKAKEN MODEL PEMBELAJARAN ROLE PLAYING (Penelitian Tindakan Kelas ing Kelas VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Duriatul Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Duriatul Fatonah, 15PSC1689, “Ningkataken Motivasi Saha Asiling Pasinaon Unggah-Ungguh Basa Jawa Ngginakaken Model Pembelajaran Role Playing (Penelitian Tindakan Kelas ing Kelas VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017) Tesis: Magister Pendidikan Bahasa Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten, 2017 Rumusaning prakawis inggih menika: (1) Kadospundi model Role Playing saget ningkataken motivasi pasinaon unggah-ungguh basa Jawa kelas VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar ing Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017. (2)Kadospundi model Role Playing saget ningkataken asiling pasinaon unggah- ungguh basa Jawa kelas VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar ing Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017. Wujud panallten inggih menika PTK lan saben siklus ktindakaken kalih pepanggihan, katindakaken ngantos kalih siklus. Objek panaliten inggih menika siswa lan kawontenan unggah-ungguh basa Jawa siswa ing kelas VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar ing Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017. Prosedur panaliten adhedhasar panaliten tindakan kelas ingkang dumados saking ancangan, tindakan, evaluasi lan refleksi. Teknik pangempaling data ngginakaken teknik tes tinulis, tes unjuk kerja, observasi lan angket. Teknik pangonceking dhata ngagem analisis kualitatif lan deskriptif kuantitatif. Kasilipun panaliten inggih menika: (1) Model Pembelajaran Role Playing saget ningkataken motivasi siswa VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar ing Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017. Amargi saderengipun ngagem Model Pembelajaran Role Playing siswa ingkang aktif nembe 43,75%, siswa ingkang nggadhahi kuwanen 31,25% lan ingkang nggadhahi tanggel jawab nembe 62,50%, lan motivasinipun kangge ndherek pasinaon andhap. Sasampunipun ngginakaken Model Pembelajaran Role Playing ing siklus I siswa ingkang aktif 62,50%, siswa ingkang nggadhahi kuwanen 53,25% lan ingkang nggadhahi tanggel jawab nembe 68,75% lan motivasinipun dhumateng pasinaon taksih sedheng kanthi rerata 72,09%. Lan ing siklus II siswa ingkang aktif 93,75%, siswa ingkang nggadhahi kuwanen 90% lan ingkang nggadhahi tanggel jawab nembe 100%. Lan sampun nggadhahi motivasi ndherek pasinaon ingkang inggil kanthi rerata 86,37%. (2) Model Pembelajaran Role Plyaing saget ningkataken asiling pasinaon unggah- ungguh basa Jawa siswa VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar ing Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017. Amargi saderengipun ngagem Model Pembelajaran Role Playing siswa ingkang tuntas KKM nembe 25%, sasmpunipun ngangge Model Pembelajaran Role Playing ing siklus I siswa pikantuk biji 77 wonten 24 siswa utawi ingkang tuntas KKM 75% lan ing siklus II siswa pikantuk biji 77 wonten 32 siswa utawi ingkang tuntas KKM 100%. Dudutanipun panaliten inggih menika: Model Pembelajaran Role Plyaing saget ningkataken motivasi lan asiling pasinaon unggah-ungguh basa Jawa siswa VIIIE SMP Negeri 1 Kalikajar ing Semester Ganjil Tahun Pelajaran 2016/2017. Wosing tembung: Model Pembelajaran Role Playing, Motivasi lan Asiling Pasinaon, Unggah-ungguh basa Jawa.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 04 Mar 2019 08:43
Last Modified: 04 Mar 2019 08:43
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/964

Actions (login required)

View Item View Item