NINGKATAKEN KETRAMPILAN MAOS GEGURITAN KANTHI METODE QUANTUM LEARNING ING SISWA KELAS XII AP 1 SMK NEGERI 2 MAGELANG TAHUN PELAJARAN 2016/ 2017

Evi, Mukti Rachmawati (2017) NINGKATAKEN KETRAMPILAN MAOS GEGURITAN KANTHI METODE QUANTUM LEARNING ING SISWA KELAS XII AP 1 SMK NEGERI 2 MAGELANG TAHUN PELAJARAN 2016/ 2017. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Evi Fix.pdf

Download (832kB)

Abstract

Evi Mukti Rachmawati, 15PSC017016, 2017 Ningkataken Ketrampilan Maos Geguritan Kanthi Metode Quantum Learning Ing Siswa Kelas XII AP 1 SMK Negeri 2 Magelang, Tahun Pelajaran 2016/ 2017, Tesis : Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. Paneliten punika minangka paneliten tindakan kelas kanthi tujuan kangge ningkataken aktivitas siswa saha ketrampilan maos geguritan siswa kelas XII AP 1 SMK Negeri 2 Magelang, kanthi metode Quantum Learning. Subjek panaliten punika siswa kelas XII AP 1 SMK Negeri 2 Magelang, kanthi jumlah 35 siswa, 2 siswa kakung saha 33 siswa setri. Data panaliten kapundhut lumantar dwija, siswa ing pasinaon maos geguritan kanthi metode Quantum Learning. Teknik pangempalan data kaleksanan lumantar observasi, wawancara, dokumentasi, unjuk kerja saha angket. Teknik pamariksan validitas data migunakaken analisis komparatif. Siswa dipunsajar kasil menawi nggayuh biji tuntas 75 saha peningkatan 81,25% ing keaktivan saha kabisan maos geguritan. Penerapan metodhe Quantum Learning ing pasinaon maos geguritan nuduhaken peningkatan. Peningkatan keaktivan siswa maos geguritan katunduhaken saking prasiklus mboten wonten siswa ingkang aktif, siswa aktif namung 5, 14, 28 % bilih siswa ingkang kirang aktif 85, 71 %. Wonten ing siklus kapisan keaktivan siswa ngalami peningkatan, wonten siswa ingkang sanget aktif 8,5 %, siswa aktif 14, 2 %, siswa cekap aktif 37,1 %, saha siswa kirang aktif 40 %. Wonten ing silus kaping pindho langkung nglampahi peningkatan ingkang sae, siswa ingkang sanget aktif 28,5 %, siswa aktif 45, 7 %, siswa cekap aktif 14,2 % saha siswa kirang aktif 11, 4%. Wosing tembung : Ketrampilan maos geguritan, Quantum Learning

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 04 Mar 2019 08:49
Last Modified: 04 Mar 2019 08:49
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/967

Actions (login required)

View Item View Item