NINGKATAKEN KAWASISAN UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI MAWI METODE STUDENT TEAMS ACHIEVEMENT DIVISION (STAD) KANGGE SISWA KELAS XII MM SMK MUHAMMADIYAH PRAMBANAN SLEMAN TAUN AJAR 2016/ 2017

Finda, Dwi Kurniawati (2017) NINGKATAKEN KAWASISAN UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI MAWI METODE STUDENT TEAMS ACHIEVEMENT DIVISION (STAD) KANGGE SISWA KELAS XII MM SMK MUHAMMADIYAH PRAMBANAN SLEMAN TAUN AJAR 2016/ 2017. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Finda Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Finda Dwi Kurniawati. NIM. 15PSC01726. “Ningkataken Kawasisan Unggah-ungguh Basa Jawi mawi Metode Student Teams Achievement Division (STAD) kangge Siswa Kelas XII MM SMK Muhammadiyah Prambanan Sleman Taun Ajar 2016/2017”. Tesis. Program Studi Magister Pendidikan Bahasa, Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten. 2017. Panaliten menika ancasipun kangge ningkataken kawasisan unggah-ungguh basa Jawi mawi metode Student Teams Achievement Division (STAD) kangge siswa kelas XII MM SMK Muhammadiyah Prambanan Sleman. Panaliten menika dipuntindakaken awit kawasisan unggah-ungguh basa Jawinipun siswa menika taksih kirang saha siswanipun kirang aktif ing pasinaon. Panaliten menika wujudipun panaliten tindakan kelas ingkang dipuntindakaken ing SMK Muhammadiyah Prambanan Sleman. Subjek panalitenipun siswa kelas XII MM ingkang gunggung siswanipun 31 siswa. Panaliten menika kadhapuk saking kalih siklus. Panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara kolaboratif antawis panaliti kaliyan guru basa Jawi kelas XII SMK Muhammadiyah Prambanan Sleman. Cara ngempalaken dhata ing panaliten menika arupi tes damel pacelathon unggah-ungguh basa Jawi, tes individu, observasi, cathetan lapangan, wawanpangandikan saha dokumentasi. Piranti panaliten menika arupi lembar pengamatan, tes saha panduan wawanpangandikan. Dhata dipun-analisis mawi cara deskriptif. Validitas dhata dipuntindakaken kanthi cara validitas proses, validitas demokratis saha validitas dialogis. Reliabilitas dhata dipuntindakaken mawi metode triangulasi. Asil panaliten menika nedahaken bilih pasinaon unggah-ungguh basa Jawi mawi metode Student Teams Achievement Division (STAD) saged ningkataken kawasisan unggah-ungguh basa Jawinipun siswa kelas XII MM SMK Muhammadiyah Prambanan Sleman. Ningkating kawasisan unggah-ungguh basa Jawinipun siswa saged dipunpirsani saking proses pasinaon inggih menika: (1) siswa langkung greget nalika ndherek pasinaon unggah-ungguh basa Jawi; (2) siswa langkung aktif anggenipun suka pitakenan, suka pamanggih saha mangsuli pitakenan saking guru; (3) siswa langkung gampil anggenipun mahami materi unggah-ungguh basa Jawi. Ningkating asil saged dipunpirsani saking biji rata-rata tes damel pacelathon unggah-ungguh basa Jawi saking tahap pratindakan ngantos siklus II. Biji rata-rata tes damel pacelathon ing tahap pratindakan agengipun 66,60; wonten siklus I agengipun 76,04 saha wonten siklus II agengipun 82,44. Dene saking tahap pratindakan ngantos siklus II ningkat 15,44 utawi 23,18%. Biji rata-rata tes individu-nipun siswa ing tahap pratindakan agengipun 52,89 wonten siklus I agengipun 61,51 saha wonten siklus II agengipun 77,33. Dene saking tahap pratindakan ngantos siklus II ningkating biji rata-ratanipun 24,44 utawi 46,20%. Wosing tembung: Kawasisan unggah-ungguh basa Jawi, Metode Student Teams Achievement Division (STAD)

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 04 Mar 2019 09:48
Last Modified: 04 Mar 2019 09:48
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/968

Actions (login required)

View Item View Item