NINGKATAKEN MOTIVASI TUWIN ASILING PASINAON RAGAM BASA KRAMA KANTHI NGGINAKAKEN MODEL MAKE A MATCH (Panaliten Tindakan Kelas Tumrap Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 2 Garung Tahun Pelajaran 2015/2016)

Ida, Herawati (2017) NINGKATAKEN MOTIVASI TUWIN ASILING PASINAON RAGAM BASA KRAMA KANTHI NGGINAKAKEN MODEL MAKE A MATCH (Panaliten Tindakan Kelas Tumrap Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 2 Garung Tahun Pelajaran 2015/2016). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Ida Fix.pdf

Download (979kB)

Abstract

Ida Herawati, NIM 15PSC01691. “Ningkataken Motivasi Tuwin Asiling Pasinaon Ragam Basa Krama kanthi Ngginakaken Model Make a Match (Panaliten Tindakan Kelas tumrap Siswa Kelas VIII B) SMP Negeri 2 GARUNG Tahun Pelajaran 2015/2016.” Tesis. Program Studi Pendidikan Bahasa, Program Pasca Sarjana Universitas Widya Dharma Klaten. 2017. Rancanganing panaliten menika: (1) Kadospundi ningkataken motivasi pasinaon ragam basa krama kanthi cara ngetrepaken model Make a Match tumrap siswa kelas VIII B SMP Negeri 2 Garung Wonosobo tahun pelajaran 2015/2016? (2) Menapa model Make a Match saged ningkataken prestasi utawi asiling wicara ragam basa krama kelas VIII B SMP Negeri 2 Garung? Metodhe ingkang kaginakaken inggih menika panaliten tindakan kelas ingkang kalampahan kalih siklus. Saben siklus kadadosan saking perencanaan, pelaksanaan, pengamatan, refleksi. Subjek panaliten inggih menika Siswa kelas VIII B SMP Negeri 2 Garung Kabupaten Wonosobo Tahun Pelajaran 2015/2016. Variable input-output ing panaliten menika pasinaon ragam basa krama, wondene variabel proses ing panaliten menika model Make and Macth. Instrumen ing panaliten menika, instrumen tes kaliyan instrumen nontes. Aspek pambiji kangge mangertosi asil tes ragam krama inggih menika kanthi mangsuli pitakenan. Wondene data nontes kapendhet saking asil observasi, asil wawan rembag, asil jurnal, saha asil dhokumentasi. Data tes saha nontes salajengipun kaanalisis kanthi ngginakaken teknik analisis prosentase saha teknik deskriptif kuwantitatif. Asiling analisis panaliten motivasi saha asiling pasinaon ragam krama kanthi model Make and Macth saged ngindhakaken biji rata-rata siswa kelas VIII B SMP Negeri 2 Garung Kabupaten Wonosobo Tahun Pelajaran 2015/2016. Ing siklus I pasinaon kanthi modhel Make and Macthdwija ngginakaken kertu mawi kertas manila asil biji tes rata-rata 78,97% utawi mindhak dados 65,52% saking kondhisi sakawit. Biji pasinaon ragam krama kasebat dereng nggayuh target KKM inggih menika 75. Adhedhasar refleksi siklus I ateges biji siklus I dereng nggayuh KKM. Supados saged nggayuh target KKM ing siklus II dwija paring pasinaon kanthi kertu ingkang ngginakaken kertas cover werni-werni supados siswa langkung greget anggenipun ndherek pasinaon. Asil tes siklus II kanthi biji rata-rata 82,93 mindhak dados 89,65% lan sampun nggayuh KKM. Kanthi makaten pasinaon kanthi modhel Make and Macthsaged ngindhakaken pasinaon ragam krama. Sakawit siswa kirang greget nyanaoni ragam krama sasampunipun dwija paring pasinaon kanthi modhel Make and Macthsiswa langkung greget saha antusias nyinaoni ragam krama. Wosing tembung: Motivasi, Asil, Pasinaon Ragam Basa Krama, Model Make a Match

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 04 Mar 2019 09:50
Last Modified: 04 Mar 2019 09:50
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/969

Actions (login required)

View Item View Item