ANALISIS SOSIOLOGI SASTRA SAHA NILAI- NILAI PENDIDIKAN KARAKTER ING SALEBETING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R.TG.JASAWIDAGDA

Kuspriati, Kuspriati (2017) ANALISIS SOSIOLOGI SASTRA SAHA NILAI- NILAI PENDIDIKAN KARAKTER ING SALEBETING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R.TG.JASAWIDAGDA. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Kuspriati Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Kuspriati. NIM. 15PSCO1693. “Analisi Sosiologi Sastra lan Nilai-nilai Pendidikan Karakter Novel Kirti Njunjung Drajat Anggitanipun R.TG. Yasawidagda” Tesis Program Studi Pendidikan Bahasa, Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten 2017 Panaliten menika nggadhahi ancas ndeskripsikaken : kadospundi sosiologi panganggit ing salebeting novel Kirti Njunjung Drajat, kadospundi sosiologi sastra novel Kirti Njunjung Drajat, kadospundi tanggapan pamaos novel Kirti Njunjung Drajat, kadospundi nilai-nilai pendidikan karakter ing salebeting novel Kirti Njunjung Drajat. Panaliten menika boten kaiket kaliyan papan tartamtu lan katindakakeken sadangunipun sedasa wulan. Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif deskriptif kanthi metode analisis isi. Dhata ingkang dipunginakaken inggih menika analisis dokumen, hasil wawancara, lan buku-buku ingkang relevan kaliyan prakawis panaliten, sumber dhatanipun inggih menika novel Kirti Njunjung Drajat karya R.Tg. Jasawidagda, biografi panganggit, lan para pamaos. Teknik pangempalan dhata kadosta pamaosan, nyatet, analisis dokumen, lan wawancara. Validitas dhata arupi triangulasi sumber dhata, metode, lan teori. Teknik analisis dhata arupi reduksi dhata, nyajikaken dhata, lan narik dudutan. Adhedhasar pangonceking dhata, saget dipun pendhet dudutan: (1) sosiologi panganggit mangaribawani riniptanipun novel Kirti Njunjung Drajat, kadosta ideologi panganggit, profesionalisme, lan paradigma kontek sosial panganggit, (2) aspek sosial ing prastawa ingkang dumadi lan setting nggadhahi gegayutan kaliyan kasunyatan ingkang sayektosipun, (3) pamaos maringi kesan positif amargi nyamektakaken nilai sosial, kisah pagesangan ingkang simpel lan saget dipundadosaken pasinaon gesang, lan (4) nilai-nalai pendidikan karakter ingkang dominan ing salebeting novel Kirti Njunjung Drajat kadosta : a. religi. b.tanggel jawab, c. kerja keras, d. ingin tahu, e. percaya diri, f. berpikir logis, kritis, kreatif lan inovatif, g. mandiri, h. peduli sosial, i. santun, j. bersahabat/komunikatif, k. gemar membaca. Kata Kunci : Sosiolosi Sastra, Novel, Nilai-Nilai Pendidikan Karakter

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > PN Literature (General)
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 04 Mar 2019 09:52
Last Modified: 04 Mar 2019 09:52
URI: http://repository.unwidha.ac.id/id/eprint/970

Actions (login required)

View Item View Item